Langsung ke konten utama

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Serat wedhatama Pupuh Pangkur


Serat Wedhtama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan,dene 'tama' duwe tugas utama/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun Budi pakertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, gambuh,lan kinanthi


A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan.

Pangkur
Mingkar mingkur ing angkar,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinub sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.

Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait).
Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra.
Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i.
Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8.
Supaya gampang dieling-eling bisa ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.


C. Mbedhah perangane serat wedhatama pupuh Pangkur

Tembang pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra sing cacahe ana 7 gatra. Yen ora cocok karo salah  sijine saka aturan iki tegese dudu tembang Pangkur. Jlentrehe kaya ngisor iki.

Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/
8a
A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/
11i
Si/nu/wung/res/mi/ning/ki/dung/
8u
Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/
7a
Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/il/mu/lu/hung/
12u
Kang/tum/rap/ing/ta/nah/Ja/wa/
8a
A/ga/ma/a/gem/ing/a/ji/
8i


D. Nulis cakepan tembang Pangkur lan tuladhane

Nulis tembang macapat, tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturane kudu padha karo guru gatra,guru lagu lan guru wilangane.

Tuladha :
8a     Yo kanca padha berjuang
11i     Dadi siswa pinter sugih prestasi
8u      Iku siswa kang pinunjul
7a      Kena dadi tuladha
12u    Sekolahe digawe jeneng kang arum
8a      Kondhang tekan manca bangsa
8i       Saiba senenge ati



  • Sumber: gegaran nyinau basa Jawa 1

Komentar

  1. Sangat bermanfaat, terimakasiih👍

    BalasHapus
  2. Terimakasih,jadi mudah dipelajari

    BalasHapus
  3. Mantap,, mudah dipelajari dan sangat membantu pengetahuan saya

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh                   Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. A.Maca lan nanggapi teks serat wedhatama Pupuh Gambuh lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan GAMBUH Samengko ingsun tutur Sembah catur supaya lumuntur Dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki Ing kono lamun tinemu Tandha nugrahaning Manon Pupuh gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Guru gatra : Wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang gambuh ana 5. Guru lagu : Wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang gambuh, yaiku u, u, i, u, o. Guru wilangan : Wewaton ca...

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

Serat Wedhatama Pupuh Pocung          Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.  A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan. POCUNG Ngelmu iku, kalakone kanthi laku. Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budya pangese dur angkara. Pupuh pocung ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait), wiwit saka tembung ' Ngelmu iku ... ' tekan tembung  'angkara'.  Guru gatra saben sapada tembang Pocung wonten 4.  Guru lagu tembang pocung yaiku u, a, i, a.  Guru wicalan tembang pocung yaiku 12, 6, 8, 12.   Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan, lan guru lagune       tembang pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a. C. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake ka...