Geguritan Geguritan iku puisi Jawa gegrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki: Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//). Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kot...
Serat Wedhatama Pupuh Kinanti Kinanthi iku saka Tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in Iki tegese padha Karo ater-ater di-. Dadi,kinanthi tegese dikanthi,dituntun,digandheng,Utawa diarahake. Pupuh kinanthi yaiku perangane serat wedhatama kang pungkasan,anggitane KGPAA Mangkunegara IV. A. Maca,nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu,lan guru wilangan teks serat wedhatama Pupuh kinanthi Kinanthi Marma den taberi kulup, angulang lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, mbengkas kahardaning driya, supadya dadya utami. Pupuh kinanthi ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Guru gatra saben sapadane ana 6 gatra. Guru lagune yaiku u, i, a, i, a, i. Guru wilgane yaiku 8,8,8,8,8,8. Supaya gampang dieling eling guru lagu lan guru wilangane bisa ditulis: 8u,8i,8a,8i,8a,8i. C. Mbedhah perangane serat Wedhatama pupuh Kinanthi Tembang Kinanti iku digawe saka larikan-larikan sing uwes ditetep ake,yaiku kudu trep karo guru gatra,...