Langsung ke konten utama

Geguritan

Geguritan

      Geguritan iku puisi Jawa gegrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane

      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki:



  • Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
  • Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
  • Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. 
  • Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  • Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. 


      Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemukake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

Urip mung sedhela
Dening M. Nur Sidiq

Ora mung duwe rai sing ayu
Nanging, Yo kudu duwe ati kang resik
Kapribadhen sing apik
Lan kelakuan kang becik

Ora mung awak kang gagah
Omah sing megah
Kan Urip kang mewah
Nanging, Yo kudu sregep ibadah

Urip ing donya iku mung sedhela
Mula, aja kakean maksiat
Akehi ibadah kan sadakah
Supaya Mulya ing donya kan akhirat



B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

      Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

      Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.



  • Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra,  guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale. 
  • Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik. 
  • Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale). 
  • Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale. 


Sumber: gegaran nyinau basa Jawa



Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Serat wedhatama Pupuh Pangkur Serat Wedhtama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan,dene 'tama' duwe tugas utama/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun Budi pakertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, gambuh,lan kinanthi A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan. Pangkur Mingkar mingkur ing angkar, Akarana karenan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinub sinukarta, Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, Kang tumrap ing tanah Jawa, Agama ageming aji. Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). • Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra. • Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i. • Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8. • Supaya gampang diel...

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh                   Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. A.Maca lan nanggapi teks serat wedhatama Pupuh Gambuh lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan GAMBUH Samengko ingsun tutur Sembah catur supaya lumuntur Dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki Ing kono lamun tinemu Tandha nugrahaning Manon Pupuh gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Guru gatra : Wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang gambuh ana 5. Guru lagu : Wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang gambuh, yaiku u, u, i, u, o. Guru wilangan : Wewaton ca...

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

Serat Wedhatama Pupuh Pocung          Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.  A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan. POCUNG Ngelmu iku, kalakone kanthi laku. Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budya pangese dur angkara. Pupuh pocung ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait), wiwit saka tembung ' Ngelmu iku ... ' tekan tembung  'angkara'.  Guru gatra saben sapada tembang Pocung wonten 4.  Guru lagu tembang pocung yaiku u, a, i, a.  Guru wicalan tembang pocung yaiku 12, 6, 8, 12.   Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan, lan guru lagune       tembang pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a. C. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake ka...