Langsung ke konten utama

Serat Wedhatama Pupuh Kinanti

Serat Wedhatama Pupuh Kinanti



Kinanthi iku saka Tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in Iki tegese padha Karo ater-ater di-. Dadi,kinanthi tegese dikanthi,dituntun,digandheng,Utawa diarahake. Pupuh kinanthi yaiku perangane serat wedhatama kang pungkasan,anggitane KGPAA Mangkunegara IV.



A. Maca,nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu,lan guru wilangan

teks serat wedhatama Pupuh kinanthi


Kinanthi
Marma den taberi kulup,
angulang lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak-panduking pambudi,
mbengkas kahardaning driya,
supadya dadya utami.



Pupuh kinanthi ngemot tembang cacahe 19 pada (bait).
Guru gatra saben sapadane ana 6 gatra.
Guru lagune yaiku u, i, a, i, a, i.
Guru wilgane yaiku 8,8,8,8,8,8.
Supaya gampang dieling eling guru lagu lan guru wilangane bisa ditulis: 8u,8i,8a,8i,8a,8i.


C. Mbedhah perangane serat Wedhatama pupuh Kinanthi

Tembang Kinanti iku digawe saka larikan-larikan sing uwes ditetep ake,yaiku kudu trep karo guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane. Jlentrehane kaya andharan ing ngisor iki.

Mar/ma/den/ta/be/ri/ku/lup/
8u
a/ngu/lang/lan/tip/ing/a/ti/
8i
ri/na/we/ngi/den/a/ne/dya/
8a
pa/ndak/pa/nduk/ing/pam/bu/di/
8i
mbeng/kas/ka/har/dan/ing/dri/ya/
8a
su/pa/dya/da/dya/u/ta/mi/
8i


D. Ngarang cakepan tembang Kinanthi

Ngarang tembang Kinanthi iku kudu ghumathok karo titikane guru gatra,guru lagu lan guru gatrane.

Tuladhane:
8u    Indonesia wis misuwur
8i     Gemah ripah loh jinawi
8a    Jamane saiki rusak
8i     Akeh kang padha korupsi
8a    Kanggo mbrantas tindak ala
8i     Mentale direvolusi


Sumber: gegaran nyinau basa Jawa

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Serat wedhatama Pupuh Pangkur Serat Wedhtama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan,dene 'tama' duwe tugas utama/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun Budi pakertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, gambuh,lan kinanthi A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan. Pangkur Mingkar mingkur ing angkar, Akarana karenan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinub sinukarta, Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, Kang tumrap ing tanah Jawa, Agama ageming aji. Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). • Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra. • Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i. • Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8. • Supaya gampang diel...

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh                   Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. A.Maca lan nanggapi teks serat wedhatama Pupuh Gambuh lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan GAMBUH Samengko ingsun tutur Sembah catur supaya lumuntur Dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki Ing kono lamun tinemu Tandha nugrahaning Manon Pupuh gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Guru gatra : Wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang gambuh ana 5. Guru lagu : Wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang gambuh, yaiku u, u, i, u, o. Guru wilangan : Wewaton ca...

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

Serat Wedhatama Pupuh Pocung          Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.  A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan. POCUNG Ngelmu iku, kalakone kanthi laku. Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budya pangese dur angkara. Pupuh pocung ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait), wiwit saka tembung ' Ngelmu iku ... ' tekan tembung  'angkara'.  Guru gatra saben sapada tembang Pocung wonten 4.  Guru lagu tembang pocung yaiku u, a, i, a.  Guru wicalan tembang pocung yaiku 12, 6, 8, 12.   Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan, lan guru lagune       tembang pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a. C. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake ka...