Langsung ke konten utama

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

         Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.

 A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan.

POCUNG

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku.
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangese dur angkara.



Pupuh pocung ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait), wiwit saka tembung ' Ngelmu iku ... ' tekan tembung  'angkara'.
 Guru gatra saben sapada tembang Pocung wonten 4.
 Guru lagu tembang pocung yaiku u, a, i, a.
 Guru wicalan tembang pocung yaiku 12, 6, 8, 12.
  Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan, lan guru lagune       tembang pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a.

C. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.

POCUNG

Ilmu itu, dapat tercapai melalui usaha,
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk menumpas angkara murka.


        Pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh Pocung Serat Wedhatama. Saka pada ingkang sampun dimaknakake dados basa indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip, umpamane :
-  Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi/usaha.
-  Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
-  Kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa
-  Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.

D. Mbedhah perangane Serat Wedhatama pupuh Pocung.

          Kados ingkang diandharake lebet ngajeng, sekar pocung menika dibangun dening larikan-larikan ingkang disebutani guru gatra cacahe wonten sekawan gatra. Wiwit gatra sesekali ngantos gatra sekawan sedaya wonten aturan. Trapsila punika saged kagem gondhelan rikala melangka tembung Pocung. Menawi melangka sekar Pocung mboten lagune sekar pocung kados ngandap menika

Ngel/mu/i/ku/ka/la/ko/ne/kan/thi/la/ku/            12U
Le/kas/e/la/wan/kas/                                              6A
Te/ges/e/kas/nyan/to/sa/ni/                                   8I
Se/tya/bu/dya/pa/nge/kes/e/dur/ang/ka/ra/       12A

E. Nulis cakepan tembang Pocung.

          Nulis tembang Pocung menika kedah ndherek trapsila ingkang gumathok kang disebutake lebet ndhuwur wau.  Trapsila ingkang gumanthok punika guru gatra, guru wilangan,  lan guru lagu. Supados saged nulis cakepan sekar Pocung.
Tuladha:

12U = Supaya negara kukuh budaya kudu utuh. Karben kukuh, budaya bangsane wutuh,
6A = Utuh, tuwuh, lestari, lan ngrembaka. Tuwuh lan ngrembaka,
8I = Mulane budaya jawa kudu diuri-uri. Dijaga murih lestari.
12A = Supaya ora ketindhihan budaya manca. Supaya ora kelindhih budaya manca.

Sumber: gegaran nyinau basa Jawa

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Serat wedhatama Pupuh Pangkur Serat Wedhtama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan,dene 'tama' duwe tugas utama/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun Budi pakertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, gambuh,lan kinanthi A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan. Pangkur Mingkar mingkur ing angkar, Akarana karenan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinub sinukarta, Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, Kang tumrap ing tanah Jawa, Agama ageming aji. Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). • Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra. • Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i. • Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8. • Supaya gampang diel...

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh                   Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. A.Maca lan nanggapi teks serat wedhatama Pupuh Gambuh lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan GAMBUH Samengko ingsun tutur Sembah catur supaya lumuntur Dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki Ing kono lamun tinemu Tandha nugrahaning Manon Pupuh gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Guru gatra : Wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang gambuh ana 5. Guru lagu : Wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang gambuh, yaiku u, u, i, u, o. Guru wilangan : Wewaton ca...