Langsung ke konten utama

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

       
          Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca.

A.Maca lan nanggapi teks serat wedhatama Pupuh Gambuh lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan


GAMBUH
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahaning Manon



Pupuh gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait).

Guru gatra : Wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang gambuh ana 5.

Guru lagu : Wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang gambuh, yaiku u, u, i, u, o.

Guru wilangan : Wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Guru wilangane tembang gambuh, yaiku 7,10,12,8,8

Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang gambuh, biasane ditulis : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.


B. Mbedhah perangane serat wedhatama Pupuh Gambuh
          Tembang gambuh iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra. Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku, tegese dudu tembang gambuh. Jlentrehe kaya ing ngisor iki.

Sa/meng/ko ing/sun/tu/tur                           7u
Sem/bah ca/tur su/pa/ya lu/mun/tur         10u
Di/hin ra/ga, cip/ta, ji/wa, ra/sa, ka/ki        12i
Ing ko/no la/mun ti/ne/mu                           8u
Tan/dha nu/gra/ha/ning Ma/non                 8o

C. Nulis cakepan tembang gambuh

Nulis tembang macapat, tembang gambuh iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturane kudu padha karo guru gatra,guru lagu lan guru wilangane.
7u.     Ayo pada Sinau
10u.   Nggugu ujar piwulange guru
12i.    Ja nganti nggawe cuwa lan lara ati
8u.     Pa meneh tumindak saru
8o.     Iku Ra patut diconto

Sumber: gegaran nyinau basa jawa



Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

Serat wedhatama Pupuh Pangkur Serat Wedhtama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan,dene 'tama' duwe tugas utama/kautaman. Dadi, wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun Budi pakertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, gambuh,lan kinanthi A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan. Pangkur Mingkar mingkur ing angkar, Akarana karenan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinub sinukarta, Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, Kang tumrap ing tanah Jawa, Agama ageming aji. Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). • Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra. • Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i. • Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8. • Supaya gampang diel...

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

Serat Wedhatama Pupuh Pocung          Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.  A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan. POCUNG Ngelmu iku, kalakone kanthi laku. Lekase lawan kas, Tegese kas nyantosani, Setya budya pangese dur angkara. Pupuh pocung ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait), wiwit saka tembung ' Ngelmu iku ... ' tekan tembung  'angkara'.  Guru gatra saben sapada tembang Pocung wonten 4.  Guru lagu tembang pocung yaiku u, a, i, a.  Guru wicalan tembang pocung yaiku 12, 6, 8, 12.   Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan, lan guru lagune       tembang pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a. C. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake ka...